Assalamu’alaikum wr. wb.
Bapak-bapak, ibu-ibu, sederek-sederek kaum muslimin wal muslimat ingkang kinurmatan.
Saderengipun mangga sesarengan ngaturaken puja kaliyan puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan saenggakita saged makempal wonten ing Masjid Ar Rahman mriki, saperlu ngawontenaken pengetan miyosipun Nabi junjungan kita inggih punikaNabi Muhammad SAW, ingkang tansah kita entosi syafa’atipun ing dinten yaumil qiyamat mangke.
Ing dalu punika tanggal 17Februari 2012, utawi tanggal 12 Rabiulawal 1433, sadaya umat Islam kabikak manahipun, kadhodhog jiwanipun, kagugah badanipun, saperlu ngaji lan mengeti miyosipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW, utawi ingkang limrah dipunsebat Maulid Nabi Muhammad SAW.
Kula minangka ketua panitia pengetan Maulid Nabi ing Masjid Ar Rahman mriki, ngaturaken sugeng rawuh dhumateng jamaah sadaya, ingkang sampun nglonggaraken wekdal ngrawuhi pengetan ing dalu punika, mugi pikantuk syafa’at saking Kanjeng Nabi, lan Gusti Allah SWT tansah ngluberaken rahmat saha hidayahipun dhumateng kita sadaya kaliyan paring ganjaran swarga kangge gesang kita wonten ing alam akhirat mangke.
Wondene inti saking pengetan Maulid Nabi ing dalu punika badhe dipunwedharaken dening Bapak Kyai H. Widodo saking Semarang.
Kula kinten menggah atur pambuka punika kula cekapi semanten kemawonsalajengipun pengetan Maulid Nabi ing dalu punika sumangga kita bikak kanthi waosan “ Basmallah “ …..Bhismillahir rohmanir rohim….
Wasana cekap semanten atur kula, bilih wonten klenta-klentunipun kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
Wassalamu’alaikum wr. wb.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar